Suroboyo usum rampok. “Sing ati-ati, lo. Timbangane diincer rampok, dikawal pulisi ae,” jare Cak Sur.
Pi’i langsung njaluk tulung pulisi jenenge Pendik sing ireng methekel. “Tulung dikawal yo aku kate njukuk dhuwik ndhuk ATM, mari ngono tuku barang sing puenting,” jare Pi’i. Pendik mik siyaaaap.
Ndhuk ATM, Pendik nguwasi kuabeh sing kate njukuk dhuwik. Sing antri nyingkrih kabeh timbangane dipenthelengi. Mari njukuk ATM, Pi’i njaluk dikawal ndhuk nggurine Giant Margorejo. Jare kate tuku barang puenting. Pendik siaga. Tibakno Pi’i mlebu warung rujak cingur. Sing mangan semburat eruh Pendik. Pi’i langsung diladeni cik cepet nyingkrih.
“Nang endi maneh?” jare Pendik.
“Mulih. Iki mau njukuk dhuwik Rp 50.000. Ning Ya, bojoku, ngidham rujak cingur. Digawe wong ngidham, rujak cingur iku lakyo barang sing puenting. Aku kuwatir dirampok,” jare Pi’i.
Pendik mencureng eruh sing dikawal ndlahom.nend
Editor : jps